Selasa, 18 Oktober 2016

GUGON TUHON LAN TEGESE

GUGON TUHON

No.
Wasita Sinadhi
Teges/Kekarepan
1.
Aja sok dhemen memisuh, besuk ana kana-ne (akhirat) lambene mundak digunting malaekat.
Pepisuh punika tembung saru ingkang  kasar ingkang ngendalaken wadi utawi lelampahan ingkang saru-saru tur mawi ngembet-embet tiyang sepuh ingkang mboten sumerep punapa-punapa. Dados lare ingkang kulina memisuh wau kirang prayogi sanget, kenging dipunwastani trocoh. Dene memper boroting payon.
2.
Aja sok dhemen ngandhakake alaning uwong, mundhak cinathet ing malaekat.
Remen nyariosaken tiyang punika saking sedyaning piyambaking wau rumesik-resik, mboten gadhah awon lan gethek cirining badanipun. Kawuningana tiyang sajagad punika mboten wonten ingkang tanpa cacad.
3.
Aja sok jag-jagan ana ngamben utawa paturon, mundhak ora ilok.
Patileman utawi amben punika naming kangge piranti tilem utawi linggihan. Kamangka jag-jagan punika tembung kasar ingkang tegesipun lumampah tanpa reringa. Dados jag-jagan wonten ing patileman utawi ing ngamben punika murang tata. Punapa malih menawi dlamakanipun reged, saestu ngregedi ing patileman wau.
4.
Aja sok mangan ing paturon, mundhak lara gudhigen.
Punika kajengipun naming supados sageda resikan. Awit nedha tetedhan wonten ing patileman punika, nalika tetedhan wau kecer dados reged sarto karubung semut. Pramila nalika nedha kedah wonten panggenan ingkang patut kangge nanedha.
5.
Aja sok nampani nganggo tangan kiwa, mundhak ngedhe.
Ingkang dipunwastani ngedhe punika tangan kiwa ingkang sajengipun gesang nyanyepeng utawi sanesipun langkung trampil tinimbang ingkang tengen. Dados ngedhe punika awonipun tiyang nyeleneh. Kejawi punika, adat caranipun tiyang jawi, tangan kiwa punika kaanggep langkung asor tinimbang tangan tengen. Awit prigelipun naming kangge nguwil utawi tetulung tangan tengen. Dados kajengipun nampani ngangge tangan kiwa punika ewanipun murang tata.
6.
Aja sok ngingu kuku nganti dawa, mundhak dienggoni setan.
Kuku punika wangunipun gepeng landhep, menawi kangge kukur-kukur saged ngrisakaken kulit. Menapa malih anggenipun kukur-kukur saweg pinuju tilem, lajeng kesupen dhateng raos sakit, naming sakeca raos gatel kinukur, wekasan babak ing wanci siyang, punika lajeng ngungun getun. Punapa malih ingkang saweg nandhang gudhigen. Punika kirang prayogi awit sareng kangge ngukur, gudhigipun sami ngliyam, kruma kathah katut wonten ing kuku, gudhigipun enggal nulir. Mila gudhigen punika epek-epekipun sami ndados, jalaran makaten wau. Menapa malih kuku ngantos panjang punika mracihnani yen piyambakipun lare kesed sarta ketingal nggilani.
7.
Aja sok sangga uwang, mundhak nyangga susahe wong patang puluh.
Nyangga uwang punika kalebet golonganing sasmita, nerangaken menawi manahipun saweg ribet utawi susah ugi getun utawi keduwung. Dados menawi pancen mboten susah, wasana sangga uwang punika sawangipun kados saweg susah utawi kenging dipunwastani nandhang susah.
8.
Yen angop kudu ditutupi tutuke, mundhak dileboni setan.
Angop punika cangkemipun menga wiyar, lambe nancut ngatingalaken untu. Menawi mboten dipuntutupi menga malongo kados guwa, sareng ketingal untunipun memper segawon angisis siyung. Kejawi saking punika panyerotipun ambegan roa sanget, dados saupami ing sangajengipun wonten kewan bangsanipun muring saged katut lumebet ing cangkem.
9.
Yen nyapu aja ngendhegake uwuh ana ing dalan, mundhak jodhage bali ing dalan.
Tumrapipun lare jaler mundhak kirang sae anggenipun pados garwa. Punika kajengipun uwuh wau kedah kalajengaken dhateng pawuhan. Mbooten sae menawi uwuh methuthuk wonten panggenan ingkang sanes panggenanipun.
10.
Yen madhang aja sok nyisa, mundhak mati pitike.
Menawi pancen nyisa, nalika dipuntedhakaken dhateng ayam, ayamipun malah lema. Ananging kajengipun tiyang sepuh mboten makaten. Menawi nedha ngantos nyisa unika ingkang badhe nedha sinten, dados prayogi imbuh tinimbang nyisa.


source : dokumen penerbit


1 komentar:

  1. permisi, saya mau bertanya apakah ada daftar pustaka/sumber buku tentang gugon tuhon tersebut. saya ingin tahu agar dapat dibuat untuk sumber penelitian tugas akhir saya terima kasih...

    BalasHapus