GUGON TUHON
No.
|
Wasita Sinadhi
|
Teges/Kekarepan
|
1.
|
Aja
sok dhemen memisuh, besuk ana kana-ne (akhirat) lambene mundak digunting
malaekat.
|
Pepisuh punika tembung saru
ingkang kasar ingkang ngendalaken wadi
utawi lelampahan ingkang saru-saru tur mawi ngembet-embet tiyang sepuh
ingkang mboten sumerep punapa-punapa. Dados lare ingkang kulina memisuh wau kirang
prayogi sanget, kenging dipunwastani trocoh. Dene memper boroting payon.
|
2.
|
Aja
sok dhemen ngandhakake alaning uwong, mundhak cinathet ing malaekat.
|
Remen nyariosaken tiyang punika saking
sedyaning piyambaking wau rumesik-resik, mboten gadhah awon lan gethek
cirining badanipun. Kawuningana tiyang sajagad punika mboten wonten ingkang
tanpa cacad.
|
3.
|
Aja
sok jag-jagan ana ngamben utawa paturon, mundhak ora ilok.
|
Patileman utawi amben punika naming
kangge piranti tilem utawi linggihan. Kamangka jag-jagan punika tembung kasar
ingkang tegesipun lumampah tanpa reringa. Dados jag-jagan wonten ing
patileman utawi ing ngamben punika murang tata. Punapa malih menawi
dlamakanipun reged, saestu ngregedi ing patileman wau.
|
4.
|
Aja
sok mangan ing paturon, mundhak lara gudhigen.
|
Punika kajengipun naming supados
sageda resikan. Awit nedha tetedhan wonten ing patileman punika, nalika
tetedhan wau kecer dados reged sarto karubung semut. Pramila nalika nedha
kedah wonten panggenan ingkang patut kangge nanedha.
|
5.
|
Aja
sok nampani nganggo tangan kiwa, mundhak ngedhe.
|
Ingkang dipunwastani ngedhe punika
tangan kiwa ingkang sajengipun gesang nyanyepeng utawi sanesipun langkung
trampil tinimbang ingkang tengen. Dados ngedhe punika awonipun tiyang
nyeleneh. Kejawi punika, adat caranipun tiyang jawi, tangan kiwa punika
kaanggep langkung asor tinimbang tangan tengen. Awit prigelipun naming kangge
nguwil utawi tetulung tangan tengen. Dados kajengipun nampani ngangge tangan
kiwa punika ewanipun murang tata.
|
6.
|
Aja
sok ngingu kuku nganti dawa, mundhak dienggoni setan.
|
Kuku punika wangunipun gepeng landhep,
menawi kangge kukur-kukur saged ngrisakaken kulit. Menapa malih anggenipun
kukur-kukur saweg pinuju tilem, lajeng kesupen dhateng raos sakit, naming
sakeca raos gatel kinukur, wekasan babak ing wanci siyang, punika lajeng
ngungun getun. Punapa malih ingkang saweg nandhang gudhigen. Punika kirang
prayogi awit sareng kangge ngukur, gudhigipun sami ngliyam, kruma kathah
katut wonten ing kuku, gudhigipun enggal nulir. Mila gudhigen punika
epek-epekipun sami ndados, jalaran makaten wau. Menapa malih kuku ngantos
panjang punika mracihnani yen piyambakipun lare kesed sarta ketingal
nggilani.
|
7.
|
Aja
sok sangga uwang, mundhak nyangga susahe wong patang puluh.
|
Nyangga uwang punika kalebet
golonganing sasmita, nerangaken menawi manahipun saweg ribet utawi susah ugi
getun utawi keduwung. Dados menawi pancen mboten susah, wasana sangga uwang
punika sawangipun kados saweg susah utawi kenging dipunwastani nandhang
susah.
|
8.
|
Yen
angop kudu ditutupi tutuke, mundhak dileboni setan.
|
Angop punika cangkemipun menga wiyar,
lambe nancut ngatingalaken untu. Menawi mboten dipuntutupi menga malongo
kados guwa, sareng ketingal untunipun memper segawon angisis siyung. Kejawi
saking punika panyerotipun ambegan roa sanget, dados saupami ing sangajengipun
wonten kewan bangsanipun muring saged katut lumebet ing cangkem.
|
9.
|
Yen
nyapu aja ngendhegake uwuh ana ing dalan, mundhak jodhage bali ing dalan.
|
Tumrapipun lare jaler mundhak kirang
sae anggenipun pados garwa. Punika kajengipun uwuh wau kedah kalajengaken
dhateng pawuhan. Mbooten sae menawi uwuh methuthuk wonten panggenan ingkang
sanes panggenanipun.
|
10.
|
Yen
madhang aja sok nyisa, mundhak mati pitike.
|
Menawi pancen nyisa, nalika
dipuntedhakaken dhateng ayam, ayamipun malah lema. Ananging kajengipun tiyang
sepuh mboten makaten. Menawi nedha ngantos nyisa unika ingkang badhe nedha
sinten, dados prayogi imbuh tinimbang nyisa.
|
source : dokumen penerbit